Minggu, 20 Mei 2012


CARA GAWE BLOG
1.       Sadurunge gawe blog ing blogspot, awake dhewe kudu nduweni alamat e-mail sing urip. Amarga ing folmulir pendaftaran blogspot ana lajur e-mail sing kudu diisi. Yen ora, kowe ora bisa gawe blog ing blogspot.
2.      Yen kowe wis nggawe lan nduweni e-mail e-mail, buka situs www.blogger.com, supaya muncul kaca kaya ing ngisor iki. Banjur klik tulisan “memulai” kanggo miwiti daftar.
3.      Sakteruse, Genepana formulir pendaftaran sing isine kaya ing ngisor iki.
a.       Lajur e-mail                        : Diisi alamat e-mail sing isih urip
b.      Ketik ulang alamat e-mail     : Ditulis maneh alamat e-mail sing padha persis
      karo alamat ing ndhuwur.
c.       Password                           : Isinen kata kunci sing angel utawa rumit paling
    ora ana 8 wandha.
d.      Ketik Ulang kata sandi       : Tulisen kata kunci sing padha persis  karo kata                   kunci ing dhuwur.
e.   Jeneng tampilan                 : Tulisen jenengmu (iki mesthi muncul bebarengan        karo posting , tulisan sing arep digawe)
f.       Tanggal Lair                     : Diisi tanggal lairmu
g.       Verifikasi kata                 : Isi tulisan gambar sing ana ing ndhuwurlajur
Yen wis diisi kabeh, banjur klik “Lanjutkan”
4.      Yen wis diklik “Lanjutkan” banjur muncul kaca formulir kanggo genepi judul blog lan alamat blog. Isi lajur isi blog lan alamat blog. Yen luwih saka 2 tembung migunakake tandha (-). Kanggo ngecek alamat blog mau wis dingo wong opo urung klik “Cek Ketersediaan”. Yen urung dingo wong liya bakal muncul tulisan warna ijo sing tulisane “Alamat blog ini tersedia”. Banjur klik “Lanjutkan”.
5.       Pilih tema kanggo kaca blogmu. Pilihen salah siji. Banjur klik “Lanjutkan”. ( tema iku bisa diganti ing liya dina)
6.      Sauwise klik “Lanjutkan”, ana tulisan “Blog anda sudah jadi”, sing artine blogmu wis dadi lan  kowe bisa mulai Blogging.    
                                                                                   
Geguritan

PETENGING WENGI

sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu

gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi

lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?






Tidak ada komentar:

Posting Komentar